MASA
ADVEN NATAL 2013
"GUSTI
ALLAH RAWUH SARTA MAKUWON ANA ING ANTARA KITA"
Wekdal lumampah kanthi rikat. Natal
sampun trontong-trontong ketingal nyelak. Natal badhé énggal kita pahargya.
Kanggé mbiyantu pasawamuwan-pasamuwan nyamektaaken mangsa Advèn Natal punika,
LPP Sinode ngaturaken buku punika. Buku ingkang wonten ing asta panjenengan
punika dipun cawisaken déning LPP Sinode sesarengan kaliyan para kadang tunggil
peladosan saking Bapelsin GKJ lan BPMSW GKI SW Jateng, sarta ingkang lelados
ing bebadan-bebadan Kristen ingkang kawengku déning Sinode GKJ lan GKI. Awit
pakaryan sesarengan punika, keparengna kawula ngaturaken agenging panuwun
dhumateng:

